Tuesday, March 01, 2011

Copas: ROBOT (Boso Jowo)

Pak Dhe mlaku-mlaku karo bojone neng Ginza Jepang. Wis jam 2 awan durung mangan, mesti ngelih tenan.

"Buk, ngelih rak?", jare Pak Dhe.
"Iyo to yo, wetengku wis keroncongan."
"Wah, nek ono restoran Padang mesti uenak iki."
"Iyo, mesti cepet merga ora perlu kudu pesen barang."
"Wah, kae ono restoran. Sing nyugohke robot."
"Ho'o yo, nek robot mesti nyugohkene cepet."

Pak Dhe lungguh adep-adepan karo bojone.
Robot teko, nyedhaki Pak Dhe, banjur ngomong:

"What is your nationality?", robot takon.
"Indonesia" jare Pak Dhe.
"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.
"Apa bahasa suku anda?", robot takon meneh.
"Jawa", jare Pak Dhe
"Sugeng siang. Badhé pesen nopo?", jare robot nganggo boso Jowo.
"Canggih ya Bu", jare Pak Dhe.

"Ono lotek?", ibune takon karo robot.
"Onten."
"Pesen rong porsi."
"Porsi agéng nopo alit?
"Porsi gede."
"Lombokipun pinten?"
"Sing siji loro, sing siji sepuluh."
"Ngagem kangkung?"
"Yo."
"Ngagem timun?"
"Yo."
"Ngagem kol?"
"Yo."
"Ngagem kol Taiwan nopo kol asli Jepang?"
"Sing endi wae lah manut," Pak Dhe wis rodo nesu.
"Kacangipun badhé diuleg nopo diblender?"
"Kuarepmu!"
"Kacangipun setengah mateng nopo mateng?"
"Goréng sing garing!"
"Ngagem bawang goréng mboten?"
"Nganggo asu!" Pak Dhe misuh banter banget.
"Badhé ngagem piring nopo pincuk?"
"Piring!!!"
"Lenganipun ngagem margarin nopo minyak klopo?"
"Jelantah wedus!!!"

Nesu banget soale wis sepuluh menit dewe..

Robot meneng, lampune byar pet ketap-ketip koyone baru diproses.
Kiro-kiro telung menitan, roboté ngomong meneh:
"Maturnuwun. Pesenan sampun dipun tampi. Nanging mboten saged dipun suguhaken."
"Ladhalah? Aku wis ngenteni suwe banget jé, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso ki piye?"
"Amargi segawon kaliyan jelantah weduse dereng wonten……….."
"Iso edan aku! Ayo Mah, lungo, ra usah nguntal nang kene!!!"

No comments: